Surah Ad-Dukhan Translated in Jawa

إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةٍ مُبَارَكَةٍ ۚ إِنَّا كُنَّا مُنْذِرِينَ

Ingsun nurunake kitab al-Quran mau ana ing wengi kang berkah, Ingsun ngelingake manungsa kelawan al-Quran
فِيهَا يُفْرَقُ كُلُّ أَمْرٍ حَكِيمٍ

Sarupaning perkara kang tinamtokake padha dipilah - pilan kanthi wicaksana
أَمْرًا مِنْ عِنْدِنَا ۚ إِنَّا كُنَّا مُرْسِلِينَ

Dipilah - pilah terang saka Ingsun, Ingsun kang ngutus para Rasul
رَحْمَةً مِنْ رَبِّكَ ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ

Minangka sih piwalesing Pangeranira, satemene Allah iku mireng tur nguningani samu barang
رَبِّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖ إِنْ كُنْتُمْ مُوقِنِينَ

Kang ngratoni bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane, menawa sira wis terang (yakin)
لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ يُحْيِي وَيُمِيتُ ۖ رَبُّكُمْ وَرَبُّ آبَائِكُمُ الْأَوَّلِينَ

Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguripi lan mateni yaiku Pangeranira lan leluhurira ing zaman kuna biyen
بَلْ هُمْ فِي شَكٍّ يَلْعَبُونَ

(Wong kafir) padha mamang bakal uripe wong kang wis padha mati sarta nggeguyu
فَارْتَقِبْ يَوْمَ تَأْتِي السَّمَاءُ بِدُخَانٍ مُبِينٍ

Sira mung ngentenana qiyamat nalika langit lan bumi ngetokake kebul ngebaki antarane langit lan bumi
Load More