Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #90 Translated in Jawa

وَإِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَيُونُسَ وَلُوطًا ۚ وَكُلًّا فَضَّلْنَا عَلَى الْعَالَمِينَ
Lan Zakariya sarta Yahya tuwin ‘Isa lan Ilyas; siji-sijiné pada èwoné para wong tulus
وَمِنْ آبَائِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ وَإِخْوَانِهِمْ ۖ وَاجْتَبَيْنَاهُمْ وَهَدَيْنَاهُمْ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Lan ‘Ismail sarta Ilyasa’ tuwin Yunus sarta Luth; lan siji- sijiné padha Ingsun luwihaké utama angungkuli ngalam kabèh
ذَٰلِكَ هُدَى اللَّهِ يَهْدِي بِهِ مَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۚ وَلَوْ أَشْرَكُوا لَحَبِطَ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan sapa antaraning para bapak-bapaké sarta para tedhak turuné tuwin sadulur-saduluré, lan Ingsun wus milih dhèwèké sarta anuntun dhèwèké marang dalan kang bener
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ ۚ فَإِنْ يَكْفُرْ بِهَا هَٰؤُلَاءِ فَقَدْ وَكَّلْنَا بِهَا قَوْمًا لَيْسُوا بِهَا بِكَافِرِينَ
Iki tuntunaning Allah, di- agem nuntun kawula-Né sapa kang dadi kapareng-É, lan manawa dhèwéké anjèjèraké sisihan , sayekti tumrap dhèwèké bakal tanpa guna apa kang wus padha dilakoni
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ هَدَى اللَّهُ ۖ فَبِهُدَاهُمُ اقْتَدِهْ ۗ قُلْ لَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ أَجْرًا ۖ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرَىٰ لِلْعَالَمِينَ
Iki para kang wus padha Ing- sun paringi Kitab lan pancasan tuwin weca; mulané manawa iki padha angafiri marang iku lah temen iku wus Ingsun pasrahaké kaum kang dudu wong kafir marang iku

Choose other languages: