Surah Al-Ankabut Translated in Jawa
أَحَسِبَ النَّاسُ أَنْ يُتْرَكُوا أَنْ يَقُولُوا آمَنَّا وَهُمْ لَا يُفْتَنُونَ
Apa para manungsa duwe pangira menawa wis ngucap, "Ingsun percaya ing Allah lan marang rasul", iku banjur ditogake bae, tanpa diparingi coba, (dinyatakake keimanane kang wis diucapake mau)
وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۖ فَلَيَعْلَمَنَّ اللَّهُ الَّذِينَ صَدَقُوا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكَاذِبِينَ
Para ummat ing jaman kuna sadurunge umat MUhammad iki wis padha Ingsun paringi coba. Allah banjur wuningo marang wong kang padha temen anggone iman lan wong kang padha goroh anggone iman
أَمْ حَسِبَ الَّذِينَ يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ أَنْ يَسْبِقُونَا ۚ سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ
Wong kang padha nindakake barang ala, musyrik utawa duraka liyane, apa padha duwe kira, bakal anglancangi marang Ingsun. (tegese ora bisa nglarani marang dheweke). Ala temen panemune wong - wong mau
مَنْ كَانَ يَرْجُو لِقَاءَ اللَّهِ فَإِنَّ أَجَلَ اللَّهِ لَآتٍ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Sing sapa percaya sarta ngarep - arep menawa ing tembe bakal sowan ana ing ngarsane Allah, iku padha sedhiyaha bae awit satemene wewangene Allah mesthi bakal kaleksanan. Allah iku midhanget sarta Nguningani
وَمَنْ جَاهَدَ فَإِنَّمَا يُجَاهِدُ لِنَفْسِهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَغَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ
Lan sing sapa kang temen - temen (perang lan berjuang) ana ing agamane Allah, ganjarane anggone tumindak kaa mangkono mau tumrap marang awake dhewe. Satemene Allah iku yekti Dzat Kang Maha Sugih (ora mbutuhake) marang ’alam saisine iki
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَنُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَحْسَنَ الَّذِي كَانُوا يَعْمَلُونَ
Dene wong - wong mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku tindake kang ala padha Ingsun paringi pangapura, lan bakal Ingsun paringi ganjaran kang luwih becik tinimbang amal kang ditindakake
وَوَصَّيْنَا الْإِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ حُسْنًا ۖ وَإِنْ جَاهَدَاكَ لِتُشْرِكَ بِي مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا ۚ إِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَأُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Parintah Ingsun marang para manungsa, padha ngajenana (gaweya kabecikan) lan ngabektiya marang wong tuwane loro. Dene menawa wong tuwanira loro mau meksa marang sira ngakon supaya sira musyrik anggonira Mangeran marang Ingsun, kang sira ora sumurup tandha yektine iku sira aja manut. Sira iku ora wurung bakal padha bali sowan marang ngarsaningsun. Ing kono Ingsun maringi keterangan kabeh barang kang wis padha sira tindakake
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَنُدْخِلَنَّهُمْ فِي الصَّالِحِينَ
Dene wong kang padha mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku padha Ingsun lebokake (golongane) para wong becik
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَقُولُ آمَنَّا بِاللَّهِ فَإِذَا أُوذِيَ فِي اللَّهِ جَعَلَ فِتْنَةَ النَّاسِ كَعَذَابِ اللَّهِ وَلَئِنْ جَاءَ نَصْرٌ مِنْ رَبِّكَ لَيَقُولُنَّ إِنَّا كُنَّا مَعَكُمْ ۚ أَوَلَيْسَ اللَّهُ بِأَعْلَمَ بِمَا فِي صُدُورِ الْعَالَمِينَ
Sawenehe manungsa ana kang ngucap: "Kitra pracaya ing Allah". Nanging menawa dialani dening wong kafir, wedine marang brahalaning manungsa digawe padha karo wedine marang siksane Allah. Dene menawa ana pitulungane Pangeranira marang wong mukmin, banjur celathu, "Temen aku iki salawase bareng sira kabeh". "Allah iku apa ora wuninga marang sakrenteging atine sa-alam kabeh
Load More