Surah Al-Araf Translated in Jawa

كِتَابٌ أُنْزِلَ إِلَيْكَ فَلَا يَكُنْ فِي صَدْرِكَ حَرَجٌ مِنْهُ لِتُنْذِرَ بِهِ وَذِكْرَىٰ لِلْمُؤْمِنِينَ

Kitab, kadhawuhaké marang sira – mulané, aja ana rupeké ing atinira amarga saka iku – supaya iku sira anggoa amémélingi sarta pépéling tumrap para angèstu
اتَّبِعُوا مَا أُنْزِلَ إِلَيْكُمْ مِنْ رَبِّكُمْ وَلَا تَتَّبِعُوا مِنْ دُونِهِ أَوْلِيَاءَ ۗ قَلِيلًا مَا تَذَكَّرُونَ

Padha manuta apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira lan aja padha manut pangayoman-pangayoman saliyané Panjenengané; sathithik temen anggonira padha angélingi
وَكَمْ مِنْ قَرْيَةٍ أَهْلَكْنَاهَا فَجَاءَهَا بَأْسُنَا بَيَاتًا أَوْ هُمْ قَائِلُونَ

Lan wus sapira kèhé kutha kang wus Ingsun rusak, lah pidana- Ningsun anggoné anekani ing wayah bengi utawa nalikané dhè- wèké padha turu ing wayah awan
فَمَا كَانَ دَعْوَاهُمْ إِذْ جَاءَهُمْ بَأْسُنَا إِلَّا أَنْ قَالُوا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ

Lah ora liya panguwuhé, nalika pidana-Ningsun anekani dhèwèké, kajaba mung padha angucap: Sayekti aku iki wus padha atindak dudu
فَلَنَسْأَلَنَّ الَّذِينَ أُرْسِلَ إِلَيْهِمْ وَلَنَسْأَلَنَّ الْمُرْسَلِينَ

Lah sayekti temen Ingsun nuli bakal andangu para kang padha karawuhan para utusan lan sayekti temen Ingsun bakal andangu para kang padha kautus
فَلَنَقُصَّنَّ عَلَيْهِمْ بِعِلْمٍ ۖ وَمَا كُنَّا غَائِبِينَ

Lah sayekti temen Ingsun bakal anyaritani marang dhèwèké kalawan kawruh, lan Ingsun iki ora kasamaran
وَالْوَزْنُ يَوْمَئِذٍ الْحَقُّ ۚ فَمَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِينُهُ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ

Lan panrajuné ing dina iku jejeg; lah sapa sing abot timbangé – ya iki wong kang padha begja
وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِينُهُ فَأُولَٰئِكَ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنْفُسَهُمْ بِمَا كَانُوا بِآيَاتِنَا يَظْلِمُونَ

Lan sapa sing ènthèng timbangané, ya iki para kang jiwané padha kapitunan, amarga saka anggoné padha angafiri ing timbalan-timbalan- Ingsun
وَلَقَدْ مَكَّنَّاكُمْ فِي الْأَرْضِ وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيهَا مَعَايِشَ ۗ قَلِيلًا مَا تَشْكُرُونَ

Lan sayekti temen Ingsun anetepaké sira ana ing bumi, sarta ing kono Ingsun andadèkaké panguripan tumrap ing sira; sathi- thik temen anggonira padha atur panuwun
Load More