Surah Al-Baqara Ayah #102 Translated in Jawa
وَاتَّبَعُوا مَا تَتْلُو الشَّيَاطِينُ عَلَىٰ مُلْكِ سُلَيْمَانَ ۖ وَمَا كَفَرَ سُلَيْمَانُ وَلَٰكِنَّ الشَّيَاطِينَ كَفَرُوا يُعَلِّمُونَ النَّاسَ السِّحْرَ وَمَا أُنْزِلَ عَلَى الْمَلَكَيْنِ بِبَابِلَ هَارُوتَ وَمَارُوتَ ۚ وَمَا يُعَلِّمَانِ مِنْ أَحَدٍ حَتَّىٰ يَقُولَا إِنَّمَا نَحْنُ فِتْنَةٌ فَلَا تَكْفُرْ ۖ فَيَتَعَلَّمُونَ مِنْهُمَا مَا يُفَرِّقُونَ بِهِ بَيْنَ الْمَرْءِ وَزَوْجِهِ ۚ وَمَا هُمْ بِضَارِّينَ بِهِ مِنْ أَحَدٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَيَتَعَلَّمُونَ مَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنْفَعُهُمْ ۚ وَلَقَدْ عَلِمُوا لَمَنِ اشْتَرَاهُ مَا لَهُ فِي الْآخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ ۚ وَلَبِئْسَ مَا شَرَوْا بِهِ أَنْفُسَهُمْ ۚ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ

Wong Yahudi padha manut kitab sihir kang diwaca dening para syetan nalika jaman kerajaane Nabi Sulaiman biyen. Nabi Sulaiman ora kafir nanging syetan-syetan iku padha kafir, padha mulangake sihir mau marang para manungsa lan mulangake sihir kang diparingake marang malaikat loro kang padha jumeneng ratu kang ana ing negera Babbil, iya iku prabu Harut lan Marut. Malaikat loro mau ora kersa mulang sihir marang sawijining wong kajaba yen wis paring pepeling, dhawuhe: "Satemene aku iki cobaning Pangeran, mlane kang prayoga sira aja pada kafir", para wong Babil adreng padha nggugu sihir kang bisa megatake wong anggone bebojoan, marang malaikat loro mau. Dene wong kang wis padha bisa sihir iya ora bisa gawe sengsara apa-apa marang sawijining wong sarana sihir, kajaba klawan idzine Allah. Para wong ing Babil padha anggeguru sihir kang bakal mlarati ing awake, ora mikolehake ing awake. Satemene wong Yahudi wis padha mangerti, sing sapa tuku sarta milih kafir, ing besok ana ing akherat ora oleh panduman ganjaran Suwarga. Mulane ala temen anggone padha tuku shiri dibayar awake, iku yen wong mau padha magerti
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba