Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayah #246 Translated in Jawa

أَلَمْ تَرَ إِلَى الْمَلَإِ مِنْ بَنِي إِسْرَائِيلَ مِنْ بَعْدِ مُوسَىٰ إِذْ قَالُوا لِنَبِيٍّ لَهُمُ ابْعَثْ لَنَا مَلِكًا نُقَاتِلْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۖ قَالَ هَلْ عَسَيْتُمْ إِنْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ أَلَّا تُقَاتِلُوا ۖ قَالُوا وَمَا لَنَا أَلَّا نُقَاتِلَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَقَدْ أُخْرِجْنَا مِنْ دِيَارِنَا وَأَبْنَائِنَا ۖ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقِتَالُ تَوَلَّوْا إِلَّا قَلِيلًا مِنْهُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِالظَّالِمِينَ
Apa sira (Muhammad) durung weruh cerita lelakone bani Israil sawise Nabi Musa? Nalika padha matur marang Nabine "Panjenengan mugi jumenengaken raja kangge kita sadaya, supados kita perang sabilillah". Nabine nuli ngandika, "Manawa sira padha didhawuhi perang gek mengko sira kabeh ora padha ngestokake tumindak perang?". Wong-wong bani Israil mau matur maneh: "Kenging punapa kita sami mboten purun ngestokaken tumindak perang sabilillah, mongka kita sampun kalajeng dipun tundhung saking negari kita, (kapisah) saking anak-anak kita." Bareng wong Bani Israil mau kaleksanan padha didawuhi perang, dheweke padha mlengos, kajaba mung sethithik. Dene Allah iku ngudaneni wong kang padha nganiaya

Choose other languages: