Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hashr Translated in Jawa

سَبَّحَ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۖ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Isen - isening langit lan bumi padha nyebut maha suci ing Allah, Allah iku Maha Mulya tur wicaksana
هُوَ الَّذِي أَخْرَجَ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ مِنْ دِيَارِهِمْ لِأَوَّلِ الْحَشْرِ ۚ مَا ظَنَنْتُمْ أَنْ يَخْرُجُوا ۖ وَظَنُّوا أَنَّهُمْ مَانِعَتُهُمْ حُصُونُهُمْ مِنَ اللَّهِ فَأَتَاهُمُ اللَّهُ مِنْ حَيْثُ لَمْ يَحْتَسِبُوا ۖ وَقَذَفَ فِي قُلُوبِهِمُ الرُّعْبَ ۚ يُخْرِبُونَ بُيُوتَهُمْ بِأَيْدِيهِمْ وَأَيْدِي الْمُؤْمِنِينَ فَاعْتَبِرُوا يَا أُولِي الْأَبْصَارِ
Allah iku kang metokake para wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab saka ing omahe (kampung - kampunge) nalika pangusiran kang kawitan (saka Madinah marang Syam yaiku wong yahudi Bani Nadhir). Sira ora ngira yen wong kafir mau kelakon metu panyananira omahe sarehne padha sentosa kaya - kaya bisa nulak siksaning Allah. Siksaning Allah nekani sikafir mau ora kenyanan Allah geterake atine si kafir banjur padha wedi banget, dheweke ngrusak omah - omahe kanthi tangane lan tangane wong mukmin. Mara padha dadi tulodho lelakon iki, he wong kang padha duwe pikir
وَلَوْلَا أَنْ كَتَبَ اللَّهُ عَلَيْهِمُ الْجَلَاءَ لَعَذَّبَهُمْ فِي الدُّنْيَا ۖ وَلَهُمْ فِي الْآخِرَةِ عَذَابُ النَّارِ
Manawa ora karana Allah wis nemtokake kelawan pesthen wong kafir mau kelakon lunga saka omahe, Allah mesthi nyiksa wong kafir mau ana donya, lan kanggo dheweke ing akherat dipatrapi siksa neraka
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ شَاقُّوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۖ وَمَنْ يُشَاقِّ اللَّهَ فَإِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Kang mangkono iku, marga wong kafir padha nyulayani Allah lan utusane. Sing sapa nyulayani Allah bakal dipatrapi siksa. Allah iku siksane abot
مَا قَطَعْتُمْ مِنْ لِينَةٍ أَوْ تَرَكْتُمُوهَا قَائِمَةً عَلَىٰ أُصُولِهَا فَبِإِذْنِ اللَّهِ وَلِيُخْزِيَ الْفَاسِقِينَ
Yen sira negor wit kurma utawa sira nengake wae isih ngadek kaya mau - maune, rong bab mau kelawan lilane Allah, anggone mangkono mau supaya wong fasik (duraka) ketok remehe
وَمَا أَفَاءَ اللَّهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ مِنْهُمْ فَمَا أَوْجَفْتُمْ عَلَيْهِ مِنْ خَيْلٍ وَلَا رِكَابٍ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يُسَلِّطُ رُسُلَهُ عَلَىٰ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Apa wae bandha rampasan kang diparingake dening Allah marang utusane saka tangane (Yahudi Bani Nadhir) kowe pra kangelan budhalake (nunggang) jaran utawa onta, nanging Allah piyambak ngunggulake utusane utawa karo wong kang dikersakake. Allah iku nguwasani kabeh barang
مَا أَفَاءَ اللَّهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ مِنْ أَهْلِ الْقُرَىٰ فَلِلَّهِ وَلِلرَّسُولِ وَلِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَابْنِ السَّبِيلِ كَيْ لَا يَكُونَ دُولَةً بَيْنَ الْأَغْنِيَاءِ مِنْكُمْ ۚ وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Dene barang kang wis diparingake bali dening Allah marang utusane saka tangane wong padesan, iku kagungane Allah, Utusane, para keluargane, para bocah yatim, para wong miskin, wong kang ana ing paran (musafir), supaya barang jarahan mau aja mung tiba ing tangane kancamu kang padha sugih wae. Samu barang kang diparengake dening Rosul tampanana. Dene barang kang ora pareng padha tinggalen. Padha bektia ing Allah, awit Allah iku siksane abot
لِلْفُقَرَاءِ الْمُهَاجِرِينَ الَّذِينَ أُخْرِجُوا مِنْ دِيَارِهِمْ وَأَمْوَالِهِمْ يَبْتَغُونَ فَضْلًا مِنَ اللَّهِ وَرِضْوَانًا وَيَنْصُرُونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الصَّادِقُونَ
Barang mau dadi darbeke para sahabat fekri kang padha dherek ngalih (hijrah saka Makkah datheng Madinah) kang padha diusir saka ngomahe, ninggal bandhane, mung ngarep - arep sih kanugrahan lan lilane Allah lan padha biyantu ing Allah lan utusane. Kabeh mau wong kang tetep temen prasetiyane ing Allah
وَالَّذِينَ تَبَوَّءُوا الدَّارَ وَالْإِيمَانَ مِنْ قَبْلِهِمْ يُحِبُّونَ مَنْ هَاجَرَ إِلَيْهِمْ وَلَا يَجِدُونَ فِي صُدُورِهِمْ حَاجَةً مِمَّا أُوتُوا وَيُؤْثِرُونَ عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ وَلَوْ كَانَ بِهِمْ خَصَاصَةٌ ۚ وَمَنْ يُوقَ شُحَّ نَفْسِهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Dene para sahabat kang wis manggon ana ing Madinah sadurunge rawuhe Rosul padha pracaya ing Allah lan padha asih marang wong kang pindhah (hijroh) atine ora meri apa kang diparingake marang dheweke (Muhajirin) malah padha ngalah bab samu barang sanadiyan awake dhewe iya butuh. Sing sapa bisa nyingkiri saka medhit dheweke kalebu wong kang begja
وَالَّذِينَ جَاءُوا مِنْ بَعْدِهِمْ يَقُولُونَ رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلًّا لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ
Dene para sahabat kang teka anyar (Muhajirin lan Anshor) dheweke padha donga, "Ya Allah, Paduka mugi ngapuraha dhumateng kula saha para sadherek kula, ingkang anggenipun iman ing Paduka ngrumiyini kawula, sampun ngantos manah kula drengki dhateng para Mukmin, Paduka menika welas asih
Load More