Surah Al-Hijr Translated in Jawa

الر ۚ تِلْكَ آيَاتُ الْكِتَابِ وَقُرْآنٍ مُبِينٍ

Ingsun Allah, Ingkang-Amir- sani.a Iki ayat-ayating Kitabb sarta Quranc kang agawé terang
رُبَمَا يَوَدُّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْ كَانُوا مُسْلِمِينَ

Kerep baé para kang padha kafir angajab lamuna mauné padha dadi Muslimin
ذَرْهُمْ يَأْكُلُوا وَيَتَمَتَّعُوا وَيُلْهِهِمُ الْأَمَلُ ۖ فَسَوْفَ يَعْلَمُونَ

Padha togna baé, cikbèn padha mangan lan seneng-seneng sarta dhèwèké padha ébra pangarep-arep, amarga dhèwèké bakal énggal padha weruh
وَمَا أَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ إِلَّا وَلَهَا كِتَابٌ مَعْلُومٌ

Lan ora pisan Ingsun angle- bur sawijining kutha kajaba masthi mangsa wus diweruhaké marang iki
مَا تَسْبِقُ مِنْ أُمَّةٍ أَجَلَهَا وَمَا يَسْتَأْخِرُونَ

Ora ana umat bisa anggégé mangsané kang wus tinamtokaké lan ora bisa nyumenèkaké
وَقَالُوا يَا أَيُّهَا الَّذِي نُزِّلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ إِنَّكَ لَمَجْنُونٌ

Dhèwèké padha calathu: É, wong kang tinurunan Pépéling, sayekti kowé iku édan temen
لَوْ مَا تَأْتِينَا بِالْمَلَائِكَةِ إِنْ كُنْتَ مِنَ الصَّادِقِينَ

Yagéné kowé ora anekakaké para malaikat marang aku kéné manawa kowé golongané para wong temen
مَا نُنَزِّلُ الْمَلَائِكَةَ إِلَّا بِالْحَقِّ وَمَا كَانُوا إِذًا مُنْظَرِينَ

Ingsun anurunaké para mala- ikat iku ora liya kajaba kalawan yakti, lan tumuli dhèwèké padha ora disumenèkaké
إِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا الذِّكْرَ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ

Sayekti, Ingsun wus anurun- aké Pépéling, lan sayekti iku temen Ingsun kang rumeksa
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ فِي شِيَعِ الْأَوَّلِينَ

Lan sayekti temen Ingsun wus angutus ing saduru- ngira ing bangsa kang dhisik- dhisik
Load More