Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mumenoon Ayahs #35 Translated in Jawa

ثُمَّ أَنْشَأْنَا مِنْ بَعْدِهِمْ قَرْنًا آخَرِينَ
Sawise wong - wong mau padha dirusak, Ingsun nuli nitahake kaum (ummat) liyane, (yaiku wong ’Aad, ummate Hud)
فَأَرْسَلْنَا فِيهِمْ رَسُولًا مِنْهُمْ أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ أَفَلَا تَتَّقُونَ
Ingsun banjur ngutus nabi (Hud), klebu kaum ’Aad, iku Ingsun ngutus andhawuhi para wong ’Aad, mengkene, "Sira padha manembah marang Allah, awit sira ora duwe Pangeran saliyane Allah. Menawa sira nglirwakake pitutur iki apa sira ora wedi marang siksane Allah
وَقَالَ الْمَلَأُ مِنْ قَوْمِهِ الَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِلِقَاءِ الْآخِرَةِ وَأَتْرَفْنَاهُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا مَا هَٰذَا إِلَّا بَشَرٌ مِثْلُكُمْ يَأْكُلُ مِمَّا تَأْكُلُونَ مِنْهُ وَيَشْرَبُ مِمَّا تَشْرَبُونَ
Panggedhe wong - wong ’Aad kang padha kafir lan anggorohake kelawan ketemu karo dina akhir, (anggone bakal ditangekake maneh sakwise mati), lan dheweke wis Ingsun paringi kenikmatan ana ing panguripan donya, padha ngucap mangkene, "Nabi Hud iki sapata, ora iya manungsa kaya aku lan kowe kabeh, uga mangan panganan kang padha sira pangan sarta padha ngombe saka barang kang padha sira ombe
وَلَئِنْ أَطَعْتُمْ بَشَرًا مِثْلَكُمْ إِنَّكُمْ إِذًا لَخَاسِرُونَ
Menawa sira padha tanpa budi, mung manut pituture wong sak padhamu wae, sira yekti dadi wong kang kapitunan
أَيَعِدُكُمْ أَنَّكُمْ إِذَا مِتُّمْ وَكُنْتُمْ تُرَابًا وَعِظَامًا أَنَّكُمْ مُخْرَجُونَ
Apa Hud janji marang sira, menaaw sira mati, ing mangka sira wis dadi lemah lan balung saktemene sira bakal diuripake maneh

Choose other languages: