Surah Al-Qamar Translated in Jawa

اقْتَرَبَتِ السَّاعَةُ وَانْشَقَّ الْقَمَرُ

Saiki dina qiyamat wis cedhak lan rembulan sigar dadi loro
وَإِنْ يَرَوْا آيَةً يُعْرِضُوا وَيَقُولُوا سِحْرٌ مُسْتَمِرٌّ

Lan menawa dheweke (wong - wong musyrikin) deleng ayat kehelokan (mu’jizat) padha mlengos. Pangucape, "Iki sihir linuwih
وَكَذَّبُوا وَاتَّبَعُوا أَهْوَاءَهُمْ ۚ وَكُلُّ أَمْرٍ مُسْتَقِرٌّ

Lan dheweke maido (Nabi) lan gugu karepe dhewe. Samu barang prakara wis ana kepesten kang tetep
وَلَقَدْ جَاءَهُمْ مِنَ الْأَنْبَاءِ مَا فِيهِ مُزْدَجَرٌ

Lan satemene wis teka marang dheweke pirang - pirang cerita isi pitutur pamenging (nyegah kafir)
حِكْمَةٌ بَالِغَةٌ ۖ فَمَا تُغْنِ النُّذُرُ

Ayat mahu kawicaksanan kang bener banget, mula pepiling mau ora piguna (kanggo dheweke si kafir)
فَتَوَلَّ عَنْهُمْ ۘ يَوْمَ يَدْعُ الدَّاعِ إِلَىٰ شَيْءٍ نُكُرٍ

Mulane sira mlengosa marang wong kafir mau. Besuk qiyamat nalika malaikat damu sempronge sarta ngundang - ngundang marang barang kang dipaido dening wong akeh
خُشَّعًا أَبْصَارُهُمْ يَخْرُجُونَ مِنَ الْأَجْدَاثِ كَأَنَّهُمْ جَرَادٌ مُنْتَشِرٌ

Pandelenge padha konjem, dene manungsa padha metu saka kubure memper walang kang bingung
مُهْطِعِينَ إِلَى الدَّاعِ ۖ يَقُولُ الْكَافِرُونَ هَٰذَا يَوْمٌ عَسِرٌ

Padha rebut dhujang (rikat) marani pangundang mau. Wong - wong kafir padha ngucap, "iki dina kang rekasa
كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ فَكَذَّبُوا عَبْدَنَا وَقَالُوا مَجْنُونٌ وَازْدُجِرَ

Sadurunge dheweke, para umate Nuh biyen hiya padha maido marang kawulaningsun Nuh. Pangucape, "Nuh iku wong edan", lan padha nganiaya
فَدَعَا رَبَّهُ أَنِّي مَغْلُوبٌ فَانْتَصِرْ

Bareng wis lawas Nuh banjur nyenyuwun ing Pangerane, "Kawula kawon kaliyan ummat kawula, mila mugi Paduka paring pitulung
Load More