Surah An-Nahl Translated in Jawa

أَتَىٰ أَمْرُ اللَّهِ فَلَا تَسْتَعْجِلُوهُ ۚ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَىٰ عَمَّا يُشْرِكُونَ

Paréntahing Allah wis rawuh; mulané, iku aja sira padha ang- gégé. Mahasuci Panjenengané sarta Mahaluhur, adoh saka apa kang padha disakuthokaké
يُنَزِّلُ الْمَلَائِكَةَ بِالرُّوحِ مِنْ أَمْرِهِ عَلَىٰ مَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ أَنْ أَنْذِرُوا أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا أَنَا فَاتَّقُونِ

Panjenengané anurunaké para malaikat angemban timbalan saka dhawuh-É, marang sapa-sapa kawula-Né, kang dadi kaparenging karsa-Né, pangandikané: Apé- pélinga, yèn ora ana sesembahan kajaba Ingsun, mulané di ngati-ati marang Ingsun
خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ ۚ تَعَالَىٰ عَمَّا يُشْرِكُونَ

Panjenengané wus anitahaké langit-langit lan bumi kalawan yakti, mahaluhur Panjenengané adoh saka apa kang padha di- sakuthokaké
خَلَقَ الْإِنْسَانَ مِنْ نُطْفَةٍ فَإِذَا هُوَ خَصِيمٌ مُبِينٌ

Panjenengané wus anitahaké manusa saka banyu wijining urip, A lah satemah dhèwèké iku dadi tukang madoni kang ngeblak
وَالْأَنْعَامَ خَلَقَهَا ۗ لَكُمْ فِيهَا دِفْءٌ وَمَنَافِعُ وَمِنْهَا تَأْكُلُونَ

Apa déné rajakaya, iku Panje- nengané anggoné anitahaké, tu- mrap marang sira; ing kono sira olèh sandhangan anget sarta pirang-pirang paédah apa déné ana kang sira pangan
وَلَكُمْ فِيهَا جَمَالٌ حِينَ تُرِيحُونَ وَحِينَ تَسْرَحُونَ

Lan ing kono sira olèh kase- nengan nalikané padha sira giring sarta nalikané sira uculaké
وَتَحْمِلُ أَثْقَالَكُمْ إِلَىٰ بَلَدٍ لَمْ تَكُونُوا بَالِغِيهِ إِلَّا بِشِقِّ الْأَنْفُسِ ۚ إِنَّ رَبَّكُمْ لَرَءُوفٌ رَحِيمٌ

Apa déné anggawakaké gaga- wanira kang abot marang nagara- nagara, kang ora bisa sira padha tumeka mrono kajaba kalawan rekasaning jiwa; sayekti Pangé- ranira iku Mahawelas, Mahaasih
وَالْخَيْلَ وَالْبِغَالَ وَالْحَمِيرَ لِتَرْكَبُوهَا وَزِينَةً ۚ وَيَخْلُقُ مَا لَا تَعْلَمُونَ

Lan manèh jaran, bighal sarta kuldi, supaya iku dadi tungga- nganira sarta minangka rerenggan; apa déné Panjenengané anitahaké barang kang sira padha ora weruh
وَعَلَى اللَّهِ قَصْدُ السَّبِيلِ وَمِنْهَا جَائِرٌ ۚ وَلَوْ شَاءَ لَهَدَاكُمْ أَجْمَعِينَ

Lan anuduhaké dalan bener iku ana ing Allah , sarta iku ana kang mlèncèng; lan lamun Panjenengané angarsak- na, amasthi Panjenengané anuntun ing sira kabèh
هُوَ الَّذِي أَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً ۖ لَكُمْ مِنْهُ شَرَابٌ وَمِنْهُ شَجَرٌ فِيهِ تُسِيمُونَ

Panjenengané iku kang anu- runaké banyu saka ing mendhung tumrap marang sira; iku ana sing dadi ombèn-ombèn lan ana sing kanggo wit-witan, ing kono sira padha angon
Load More