Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #52 Translated in Jawa

أَوَلَمْ يَرَوْا إِلَىٰ مَا خَلَقَ اللَّهُ مِنْ شَيْءٍ يَتَفَيَّأُ ظِلَالُهُ عَنِ الْيَمِينِ وَالشَّمَائِلِ سُجَّدًا لِلَّهِ وَهُمْ دَاخِرُونَ
Apa ta padha ora andeleng marang samubarang kang wus katitahaké déning Allah? Ayang- ayangé padha ngalih saka tengen lan kiwa, sumungkem marang Allah, kang mangka dhèwèké padha banget asoré
وَلِلَّهِ يَسْجُدُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ مِنْ دَابَّةٍ وَالْمَلَائِكَةُ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُونَ
Lan marang Allah anggoné sumungkem samubarang ing langit-langit lan samubarang ing bumi kayata gegremet, lan para malaikat, lan padha ora gumedhé
يَخَافُونَ رَبَّهُمْ مِنْ فَوْقِهِمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ ۩
Padha wedi ing Pangérané Ingkang-Mahaluhur sarta padha anglakoni apa kang kaparéntah- aké.a
وَقَالَ اللَّهُ لَا تَتَّخِذُوا إِلَٰهَيْنِ اثْنَيْنِ ۖ إِنَّمَا هُوَ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ ۖ فَإِيَّايَ فَارْهَبُونِ
Lan Allah wus angandika: Aja padha angalap sesembahan loro, Panjenengané iku mung Sesembahan sawiji; mulané mung marang Ingsun kuduné wedinira
وَلَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَلَهُ الدِّينُ وَاصِبًا ۚ أَفَغَيْرَ اللَّهِ تَتَّقُونَ
Lan samubarang ing langit- langit lan bumi iku kagungan-É, apa déné pambangun turut kang tetep iku konjuk Panjenengané; lah apa ta sira mrayitnani saliyané Allah

Choose other languages: