Surah An-Nisa Ayah #11 Translated in Jawa
يُوصِيكُمُ اللَّهُ فِي أَوْلَادِكُمْ ۖ لِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْأُنْثَيَيْنِ ۚ فَإِنْ كُنَّ نِسَاءً فَوْقَ اثْنَتَيْنِ فَلَهُنَّ ثُلُثَا مَا تَرَكَ ۖ وَإِنْ كَانَتْ وَاحِدَةً فَلَهَا النِّصْفُ ۚ وَلِأَبَوَيْهِ لِكُلِّ وَاحِدٍ مِنْهُمَا السُّدُسُ مِمَّا تَرَكَ إِنْ كَانَ لَهُ وَلَدٌ ۚ فَإِنْ لَمْ يَكُنْ لَهُ وَلَدٌ وَوَرِثَهُ أَبَوَاهُ فَلِأُمِّهِ الثُّلُثُ ۚ فَإِنْ كَانَ لَهُ إِخْوَةٌ فَلِأُمِّهِ السُّدُسُ ۚ مِنْ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصِي بِهَا أَوْ دَيْنٍ ۗ آبَاؤُكُمْ وَأَبْنَاؤُكُمْ لَا تَدْرُونَ أَيُّهُمْ أَقْرَبُ لَكُمْ نَفْعًا ۚ فَرِيضَةً مِنَ اللَّهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا

Allah wis paring dhawuh marang sira kabeh tumrap anak tinggalanira, pandumaning anak lanang siji padha karo pandumaning anak wadon loro, dene yen anak mau wadon kabeh kehe loro sapendhuwur, pandumaning rong proteloning barang tinggalan. Dene yen anak wadon mau mung siji, iku pandumane oleh separoning barang tinggalan. Dene bapa lan biyunge wong kang mati siji-sijine oleh panduman sakpraneme barang tinggalan, semono iku manawa kang mati mau tinggal anak. Dene yen ora tinggal anak, mung tinggal bapa lan biyung wae (utawa nganggo tinggal bojo) iku pandumaning biyung oleh saperteluning barang tinggalan. Dene manawa kang mati mau tinggal sadulur (lanang lan wadon loro sak pendhuwur) iku pandumaning biyung oleh sakpranem, samono iku saturahe dienggo nglestarekake wewekas kang diwekasahe (wasiyat) utawa dienggo nglunasi utange wong kang mati mau. Bapakinge sapenduwuran para anakira ora ana kang weruh mungguh bapa ana kang weruh mungguh bapa lan anak mau endi kang akeh lerege mikolehi marang sira. Pangendum kang mangkono mau ditemtokake dening Allah. Satemene Allah iku Nguningani lan Wicaksana
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba