Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayah #58 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لِيَسْتَأْذِنْكُمُ الَّذِينَ مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ وَالَّذِينَ لَمْ يَبْلُغُوا الْحُلُمَ مِنْكُمْ ثَلَاثَ مَرَّاتٍ ۚ مِنْ قَبْلِ صَلَاةِ الْفَجْرِ وَحِينَ تَضَعُونَ ثِيَابَكُمْ مِنَ الظَّهِيرَةِ وَمِنْ بَعْدِ صَلَاةِ الْعِشَاءِ ۚ ثَلَاثُ عَوْرَاتٍ لَكُمْ ۚ لَيْسَ عَلَيْكُمْ وَلَا عَلَيْهِمْ جُنَاحٌ بَعْدَهُنَّ ۚ طَوَّافُونَ عَلَيْكُمْ بَعْضُكُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ ۚ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
He para wong mu’min para kawulanira kang kadarbe ing tanganira, apa dene bocah merdika kang wis ana pangertine sanajan durung baligh, iku menawa arep mlebu ketemu sira ana sawijining wayah telu, anjaluka palilah (idzin) dhisik marang sira. Dene wayah telu mau yoku sepisan wayah sak durunge sholat shubuh, kapindho wayah dzuhur, nalikane sira cucul penganggo waktu turu, aktelu, sawise sholat ’Isya. Wayah telu iku wektu suratira (wayah anggonira nyelehake sandhangan). Dene liyane wayah tetelu mau ora ana pekewuhe sira nglilani kawula utawa bocah mau mlebu ketemu ing sira, lan ora ana larangane kawula utawa bocah mau mlebu keteme sira tanpa njaluk palilah luwih dhisik. Sira lan para kawulanira apadene bocah mau kena padha wira - wiri patemonan karo sira. Mengkono iku Allah anggone paring keterangan ayat - ayate marang sira. Dene Allah iku maha ngudaneni marang para kawulane tur maha wicaksana

Choose other languages: