Surah As-Saaffat Translated in Jawa

رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَرَبُّ الْمَشَارِقِ

Hiya iku pangerane langit lan bumi, lan samu barang kang ana antarane langit lan bumi. Sarta Pangerane panggonan mletheke lan surupe srengenge
إِنَّا زَيَّنَّا السَّمَاءَ الدُّنْيَا بِزِينَةٍ الْكَوَاكِبِ

Ingsun ngrenggo - ngrenggo langit kang cedhak kanthi lintang pirang - pirang kang padha semlorot
وَحِفْظًا مِنْ كُلِّ شَيْطَانٍ مَارِدٍ

Lan (ing kono ana) pangreksa saking sarupaning syetan kang amelwani
لَا يَسَّمَّعُونَ إِلَى الْمَلَإِ الْأَعْلَىٰ وَيُقْذَفُونَ مِنْ كُلِّ جَانِبٍ

Syethan ora bisa ngrungokake guneme para Malaikat kang ana ing ngendi - endi panggonan
إِلَّا مَنْ خَطِفَ الْخَطْفَةَ فَأَتْبَعَهُ شِهَابٌ ثَاقِبٌ

Kajaba syetan bisa sawetara bisa ngrungokake sakecap - rong kecap kelawan rikatan hewadene banjur katungka dibalang "Shihab" kang mubyar - mubyar lan natoni
Load More