Surah Qaf Translated in Jawa

ق ۚ وَالْقُرْآنِ الْمَجِيدِ

Qaaf (harane aksara Arab), Demi Al-Quran kang mulya (wong kafir iku ora percaya ing al-Quran)
بَلْ عَجِبُوا أَنْ جَاءَهُمْ مُنْذِرٌ مِنْهُمْ فَقَالَ الْكَافِرُونَ هَٰذَا شَيْءٌ عَجِيبٌ

Malah pada gumun padha ketekan utusaning Allah saka kancane dhewe, wong kafir mau padha ngucap, "perkara iku ngeram - ngeramake (ajaib)
أَإِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا ۖ ذَٰلِكَ رَجْعٌ بَعِيدٌ

Besuk yen wis aku mati lan dadi lemah jare bakal diuruipake maneh, iku lak adoh banget
قَدْ عَلِمْنَا مَا تَنْقُصُ الْأَرْضُ مِنْهُمْ ۖ وَعِنْدَنَا كِتَابٌ حَفِيظٌ

Ingsun ngingani bumi anggone ngelongi cacahing wong kafir, sarta Ingsun kagungan Kitab kang nyathet
بَلْ كَذَّبُوا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاءَهُمْ فَهُمْ فِي أَمْرٍ مَرِيجٍ

Sabenere dheweke wis gorohake kebeneran nalika kebeneran mau teka marang dheweke. Mulane dheweke padha ora karuan
أَفَلَمْ يَنْظُرُوا إِلَى السَّمَاءِ فَوْقَهُمْ كَيْفَ بَنَيْنَاهَا وَزَيَّنَّاهَا وَمَا لَهَا مِنْ فُرُوجٍ

Apa dheweke lali ora deleng langit kang ana dhuwur, anggone Ingsun hadegake tanpa cagak lan direnggo (kelawan lintang warna - warna) apadene tanpa cacat utawa benthet sathithika
وَالْأَرْضَ مَدَدْنَاهَا وَأَلْقَيْنَا فِيهَا رَوَاسِيَ وَأَنْبَتْنَا فِيهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍ بَهِيجٍ

Lan ora dheleng bumi anggone Ingsun gelar Ingsun dokoki gunung gedhe pirang - pirang, thetukulan warna- warna kang bungahake
تَبْصِرَةً وَذِكْرَىٰ لِكُلِّ عَبْدٍ مُنِيبٍ

Minangka tuladha lan pepeling tumrap kawula kang manut miturut
وَنَزَّلْنَا مِنَ السَّمَاءِ مَاءً مُبَارَكًا فَأَنْبَتْنَا بِهِ جَنَّاتٍ وَحَبَّ الْحَصِيدِ

Lan maneh Ingsun nurunake banyu udan kang mawa berkah saka langit, banjur dianggo nukulake thetukulan ing palemahan lan wit - wit kang kena diunduhi wohe
وَالنَّخْلَ بَاسِقَاتٍ لَهَا طَلْعٌ نَضِيدٌ

Lan nukulake wit kurma kang glugune dhuwur - dhuwur lan wangune sungsun akeh
Load More