Surah Saba Translated in Jawa

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي الْآخِرَةِ ۚ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ

Sakabehing puji kagungane Allah, kang kagungan samu barang isining bumi lan langit lan besuk ana akhirat (Allah uga kagunga sakehing puji ana donya) Allah iku wicaksana tur waspada
يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِي الْأَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنْزِلُ مِنَ السَّمَاءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيهَا ۚ وَهُوَ الرَّحِيمُ الْغَفُورُ

Allah iku nguningani samu barang kang malebu marang bumi sarana dipendhem utawa liyane, lan barang kang metu saka bumi sarana thukul utawa liyane
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لَا تَأْتِينَا السَّاعَةُ ۖ قُلْ بَلَىٰ وَرَبِّي لَتَأْتِيَنَّكُمْ عَالِمِ الْغَيْبِ ۖ لَا يَعْزُبُ عَنْهُ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ فِي السَّمَاوَاتِ وَلَا فِي الْأَرْضِ وَلَا أَصْغَرُ مِنْ ذَٰلِكَ وَلَا أَكْبَرُ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُبِينٍ

Wong kafir padha celathu, "Dina Qiyamat iku mangsa kelakona. (Muhammad) sira mangsulana, "Demi Pangeranku kang nguningani barang kang samar - samar ora pisan kasamaran saboboting semut kang cilik dhewe ana bumi lan langit. Apa dene barang kang luwih cilik utawa luwih gedhe tinimbang semut mahu. Kabeh wis tinulis ana Kitab kang cetha (Lauh Mahfudz)
لِيَجْزِيَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ ۚ أُولَٰئِكَ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ

Allah bakal ganjar para mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik, kabeh padha diapura kaluputane lan diparingi rizki kang mulya
وَالَّذِينَ سَعَوْا فِي آيَاتِنَا مُعَاجِزِينَ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ مِنْ رِجْزٍ أَلِيمٌ

Sarupane wong kang hangarah jugaring al-Qur’an ayatingsung, ngira yen Ingsun iki apes. Wong mangkono mahu bakal Ingsun patrapi siksa kang hala tur ngelarani
وَيَرَى الَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ الَّذِي أُنْزِلَ إِلَيْكَ مِنْ رَبِّكَ هُوَ الْحَقَّ وَيَهْدِي إِلَىٰ صِرَاطِ الْعَزِيزِ الْحَمِيدِ

Wong kang padha diparingi kaweruh surasane itab kuna, weruh yen al-Qu’an kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata temen. Lan dadi pituduh marang dalaning Pangeran kang mulya tur pinuji
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا هَلْ نَدُلُّكُمْ عَلَىٰ رَجُلٍ يُنَبِّئُكُمْ إِذَا مُزِّقْتُمْ كُلَّ مُمَزَّقٍ إِنَّكُمْ لَفِي خَلْقٍ جَدِيدٍ

Wong kafir padha celathu marang kancane, "Mara kowe tak tuduhake sawijining wong lanang (hiya iku nabi Muhammad) kang pitutur marang kowe, ing besuk yen kowe wis mati ajur dadi lemah, ing tembe kowe bakal diuripake maneh dadi titah anyar
أَفْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَمْ بِهِ جِنَّةٌ ۗ بَلِ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ فِي الْعَذَابِ وَالضَّلَالِ الْبَعِيدِ

Apa dheweke (Muhammad) pitutur mengkono mahu jaragan gawe - gawe celathu goroh diakokake terang saka Allah apa duwe lara howah ? (Ora) nanging wong kang padha ora ngandel bakal anane akherat iku wong kesasar banget ing tembe bakal padha dipatrapi siksa
أَفَلَمْ يَرَوْا إِلَىٰ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۚ إِنْ نَشَأْ نَخْسِفْ بِهِمُ الْأَرْضَ أَوْ نُسْقِطْ عَلَيْهِمْ كِسَفًا مِنَ السَّمَاءِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِكُلِّ عَبْدٍ مُنِيبٍ

Ya gene wong kafir padha ora deleng bumi lan langitk kang ana ngarepe lan burine? Kabeh kagungane Ingsun. Menawa ana parenge Ingsun wong kafir mau diuntal bumi, utawa diudane gempalaning langti, mesthi kelakon. Kang kaya mangkono mahu tumrap kawulaningsun kang sumungkem, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun
وَلَقَدْ آتَيْنَا دَاوُودَ مِنَّا فَضْلًا ۖ يَا جِبَالُ أَوِّبِي مَعَهُ وَالطَّيْرَ ۖ وَأَلَنَّا لَهُ الْحَدِيدَ

Ingsun maringi kaluwihan marang Dawud (Pangandikaningsun), "He gunung lan manuk kabeh sira melha Dawud padha nyebuta Maha Suci marang Ingsun." Lan anglemesake wesi ana ing tangane (Dawud)
Load More