Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #29 Translated in Jawa

وَاسْتَبَقَا الْبَابَ وَقَدَّتْ قَمِيصَهُ مِنْ دُبُرٍ وَأَلْفَيَا سَيِّدَهَا لَدَى الْبَابِ ۚ قَالَتْ مَا جَزَاءُ مَنْ أَرَادَ بِأَهْلِكَ سُوءًا إِلَّا أَنْ يُسْجَنَ أَوْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Lan sakaroné arebut dhisik menyang lawang, sarta kulambiné dhèwèké suwèk déning si wadon saka ing buri, lan ana sacedhaking lawang padha papagan karo lakiné. Si wadon calathu: Punapa wawa- lesipun tiyang ingkang sedya awon dhateng sémah sampéyan kajawi dipun kunjara utawi siksa ingkang nyakiti
قَالَ هِيَ رَاوَدَتْنِي عَنْ نَفْسِي ۚ وَشَهِدَ شَاهِدٌ مِنْ أَهْلِهَا إِنْ كَانَ قَمِيصُهُ قُدَّ مِنْ قُبُلٍ فَصَدَقَتْ وَهُوَ مِنَ الْكَاذِبِينَ
calathu: Piyam- bakipun si wadon punika ingkang angangkah supados kula tumiyung dhateng awakipun. Lan ana sawiji- ning saksi kalebu kulawargané kang anglahiraké pasaksi: Manawi rasukanipun suwèk saking ngajeng lah pun èstri ingkang temen, sarta pun jaler golongan- ipun para doracara
وَإِنْ كَانَ قَمِيصُهُ قُدَّ مِنْ دُبُرٍ فَكَذَبَتْ وَهُوَ مِنَ الصَّادِقِينَ
Lan manawi rasukanipun suwèk saking wingking, lah pun èstri ingkang dora sarta pun jaler golonganipun para tiyang temen
فَلَمَّا رَأَىٰ قَمِيصَهُ قُدَّ مِنْ دُبُرٍ قَالَ إِنَّهُ مِنْ كَيْدِكُنَّ ۖ إِنَّ كَيْدَكُنَّ عَظِيمٌ
Mulané bareng weruh kulam- biné suwèké saka ing buri, acalathu: Sayekti iku kalebu kajuli- ganmu para wadon; sanyata kajuliganmu iku gedhé
يُوسُفُ أَعْرِضْ عَنْ هَٰذَا ۚ وَاسْتَغْفِرِي لِذَنْبِكِ ۖ إِنَّكِ كُنْتِ مِنَ الْخَاطِئِينَ
O, Yusuf, birata saka ing iki; déné kowé anyuwuna pangapura ing dosamu, sanyata kowé iku golongané para wong atindak luput

Choose other languages: