Surah Yusuf Ayahs #72 Translated in Jawa
وَلَمَّا دَخَلُوا مِنْ حَيْثُ أَمَرَهُمْ أَبُوهُمْ مَا كَانَ يُغْنِي عَنْهُمْ مِنَ اللَّهِ مِنْ شَيْءٍ إِلَّا حَاجَةً فِي نَفْسِ يَعْقُوبَ قَضَاهَا ۚ وَإِنَّهُ لَذُو عِلْمٍ لِمَا عَلَّمْنَاهُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Lan bareng wis padha male- bu, kaya paréntahé bapakné ing dhèwèké, tumraping Allah iku tan- pa daya apa-apa babar pisan ma- rang dhèwèké kabèh, ananging pangajab ing jeroning jiwané Ya’qub kang katindakaké; lan sayekti dhèwèké iku temen wus duwé kawruh, amarga dhèwèké Ingsun paringi weruh, ananging akèh-akèhing manusa padha ora weruh
وَلَمَّا دَخَلُوا عَلَىٰ يُوسُفَ آوَىٰ إِلَيْهِ أَخَاهُ ۖ قَالَ إِنِّي أَنَا أَخُوكَ فَلَا تَبْتَئِسْ بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan bareng wis padha lume- bu marang panggonané Yusuf, sa- duluré dipondhokaké ing panggo- nané dhéwé kono, calathuné: Aku iki sadulurmu, mulané aja susah marang sabarang kang padha di- lakoni
فَلَمَّا جَهَّزَهُمْ بِجَهَازِهِمْ جَعَلَ السِّقَايَةَ فِي رَحْلِ أَخِيهِ ثُمَّ أَذَّنَ مُؤَذِّنٌ أَيَّتُهَا الْعِيرُ إِنَّكُمْ لَسَارِقُونَ
Lah bareng anggoné dhèwèké anyadhiyani gawané-pangan wis sumadhiya, tuwung pangunjukan diseselaké ing karu- ngé saduluré. Tumuli ana wong anguwuh-uwuh, panguwuhé: É, wong untan-untan satemené kowé kabèh iku maling
قَالُوا وَأَقْبَلُوا عَلَيْهِمْ مَاذَا تَفْقِدُونَ
Padha calathu kalawan anga- dhepaké dhèwèké kabéh: Sam- péyan kécalan punapa
قَالُوا نَفْقِدُ صُوَاعَ الْمَلِكِ وَلِمَنْ جَاءَ بِهِ حِمْلُ بَعِيرٍ وَأَنَا بِهِ زَعِيمٌ
Padha mangsuli: Aku padha kélangan gelas pangunjukané Sang Prabu, lan sapa sing nemokaké mréné bakal olèh samomotaning unta, lan aku kang tanggung marang prakara iku
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
