Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #99 Translated in Jawa

قَالُوا تَاللَّهِ إِنَّكَ لَفِي ضَلَالِكَ الْقَدِيمِ
Padha calathu: Dhemi Allah, saèstu panjenengan punika dumu- nung wonten ing sasar panje- nengan kala rumiyin
فَلَمَّا أَنْ جَاءَ الْبَشِيرُ أَلْقَاهُ عَلَىٰ وَجْهِهِ فَارْتَدَّ بَصِيرًا ۖ قَالَ أَلَمْ أَقُلْ لَكُمْ إِنِّي أَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Lah bareng kang anggawa kabar bungah teka, disèlèhaké ing ngarepé,a lah dhèwèké dadi yakin.b Calathuné: Apa aku ora kandha marang kowé, yèn aku weruh saka ing Allah barang kang kowé padha ora weruh
قَالُوا يَا أَبَانَا اسْتَغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا إِنَّا كُنَّا خَاطِئِينَ
Padha calathu: Dhuh bapak, mugi panjenengan nyuwunaken pangapunten kula ing kalepatan kula; saèstu kula punika sami tiyang dosa
قَالَ سَوْفَ أَسْتَغْفِرُ لَكُمْ رَبِّي ۖ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ
Calathuné: Aku bakal nyu- wunaké pangapura kowé marang Pangéranku; sayekti, Panjenengané iku Ingkang-Aparamarta, Ingkang- Mahaasih
فَلَمَّا دَخَلُوا عَلَىٰ يُوسُفَ آوَىٰ إِلَيْهِ أَبَوَيْهِ وَقَالَ ادْخُلُوا مِصْرَ إِنْ شَاءَ اللَّهُ آمِنِينَ
Lah bareng wis padha marek marang Yusuf, para wong tuwané padha dipapanaké ing panggonané karo calathu: Sumangga sami lumebet ing Mesir kalayan aman, manawi dados kaparengipun Allah

Choose other languages: